BISMILLA
HIRROHMANIR ROHIM
ALA LA
TANA LUL NGILMA
IL LA BI SIT
TATIN
SA
UMBIKA NGAM MAJMU NGIHA BI BAYANIN
ELINGO
RAK HASIL NGILMU ANGING NEM PERKORO
BAKAL
TAK CRITA AKE KUMPULE KANTHI PERTELO
Al
murod:
Tiyang
ngaos puniko mboten pikantuk ilmu engkang kathah lan manfaat kejawi namung
syarat nenem engkang badhe dipun terang aken wonten ing bait ngandap.
DZUKAIN WA HIRSIN
WAS TIBARIN WA BUL GHOTIN
WA IRSYADI
USTADZIN WA THULI
ZAMANIN
RUPANE
LIMPAT LOBO SABAR
ONO SANGUNE
LAN
PIWULANGE GURU LAN
SING SUWE MANGSANE
Al
murod:
Rupane
syarat nenem inggih puniko:
1.Limpat
tegesipun anggatos aken keterangan saking guru sehinggo ngantos paham.
2.Lobo
tegesipun cinta/tresno dateng pelajaran ipun.
3.Sabar
teges ipun kedah tahan uji.
4.Nggadahi
sangu engkang cekap tur halal.
5.Kedah
wonten Guru nipun/engkang mulangi.
6.Kedah
dangu anggen ipun
pados ilmu.
NGANIL
MAR I
LATAS AL WASAL NGAN QORINI HI
FA
IN NAL QORINA BIL MUQORINI YAQTADI
JO
TAKON SONGKO WONG SIJI TAKONO KANCANE
KRONO
SAK TEMENE KONCO MANUT KANG NGANCANI
Al
murod:
Menawi
badhe mangertosi sae utawi awon ipun setunggal tiyang puniko mboten perlu takon
dateng tindak lampahipun tiyang kolo wau ,ananging cekap ningali dateng
konconipun keranten konco puniko manut
dateng engkang ngancani ing dalem tindak lampahe.
FA
IN KANA DZA SYAR RIN FAJAN NIBHU SURNGATAN
WA
INKANA DZA KHOIRIN FAQORINHU TAHTADI
YEN
ONO KONCO OLO LAKUNE
NDANG DOH ONO
YEN ONO
KONCO BAGUS INGGAL
NDANG KANCANONO
Almurod:
Menawi
wonten konco engkang awon budi
pekertinipun puniko enggal enggal dipun dohi lan menawi wonten konco engkang
sae budi pekertinipun puniko kedah dipun kancani supados pikantok pitedah
engkang sae.
TANGAL LAM
FA IN NAL NGILMA
ZAINUN LI AHLIHI
WA FADLUN
WA NGIN WANUN LI KUL
LIL MAKHA MIDI
NGAJIO KRONO
NGILMU MA HESI
ING AHLINE
LAN NGUNGKUL KE
LAN DADI TONDO
TINGKAH PINUJI
Almurod:
Ngajio
siro krono ngilmu puniko mahesi dateng tiyang ingkang nggadahi ilmu kolo wau
lan saget ngungkul ke derajat nipun lan ugi dados tondo nipun tingkah ingkang
pinuji.
WA KUN
MUSTA FIDAN KUL LA YAUMI ZIYADATI
MINAL NGILMI
WASBAH FI JURIL FAWA IDI
ONOHO
NGALAF FAEDAH SABEN
DINO ING TAMBAH
SONGKO
ILMU LAN NGLANGI
SGORONE
FAEDAH
Almurod:
Ing
dalem saben dinten ipun kito dipun kedah aken
Madosi
tambahipun ilmu ingkang maedahi dene madosi tambahipun ilmu puniko dipun umpama
aken tiyang ingkang nglangi wonten segoro teges ipun kedah estu-estu.
TAFAQ
QOH FA INNAL FIQHA AFDHOLU QOIDI
ILAL
BIR RI WAT TAQWA WAKDALU QOSIDI
NGAJIO
FIQIH KRONO NGUNGKULKE LAN NUDUHKE
MARING
BAGUS LAN WEDI ALLOH LUWEH JEJEKE
Almurod:kito
sedoyo supados ngaos ilmu fiqih keranten ilmu fiqih puniko utama-utamanipun
ilmu,lan ilmu fiqih puniko nedahaken dateng kesaenan lan taqwa dateng gusti
Alloh lan ilmu fiqih puniko jejek-jejekipun ilmu.
HUWAL
NGILMU HADI ILA SUNANIL HUDA
HUWAL
HISNU YUNJI MIN JAMINGIS SYDAIDI
NGILMU
FIQIH KANG NUDUHKE DALANE PITUDUH
HIYO
BENTENG KANG NYELAMETKE SEKABEHE PEKEWUH
Almurod:
Engkang
dipun wastani ilmu fiqih inggih puniko:ilmu engkang nedah aken dateng mergi
nipun pituduh lan ugi benteng engkang nyelamet aken dateng sedoyo ipun pekewuh.
FA
IN NA FAQIHAN WAHIDAN MUTAWARINGAN
ASYAT DUNGALA SYAITHONI MIN ALFI NGABIDIN
WONG
NGALIM FIQIH SIJI TUR KANG NGEDOHI HAROM
LUWEH
ABOT TIMBANG NGABIT SEWU MUNGGUHE SYETHON
Almurod:
Tiyang
ngalim fiqih setunggal engkang nebihi perkawis harom puniko langkung awrat
utawi abogt menggah ipun sethon timbang tiyang ahli ngibadah swu engkang mboten
ngertos ilmu fiqih.
FASADUN
KABIRUN NGALIMUN MUTAHANIKUN
WA
AKBARU MINHU JAHILUN MUTANASIKU
GEDENE
KERUSAKAN WONG NGALIM GAK NGLAKONI
LUWEH
GEDE TIMBANG IKI WONG BODO NGELAKONI
Almurod:
Kerusakan
engkang ageng inggih puniko tiyang alim engkang mboten nglakoni/nglampahi ilmu
nipun ,dene kerusakan engkang langkung ageng malih tiyang bodho engkang
nglampahi ngibadah teges ipun tiyang bodho kolo wau tiyang engkang mboten
ngertos sah lan mboten ipun ngibadah.
HUMA
FITNATUN FIL NGALAMINA NGADZIMATUN
LIMAN
BIHIMA FI DINIHI YATAMAS SAKU
KARONE
IKU AGUNG-AGUNGE FITNAH DUNYO
TUMRAPE
WONG KANG TETONGGO PERKORO AGOMO
Almurod:
Tiyang
kalih kasebat inggih puniko :
1.tiyang
ngalim engkang boten nglampahi ilmunipun utawi ahli maksiyat.
2.tiyang
bodo engkang nglampahi tanpo ngilmu,puniko dados fitnah ageng wonten ing dunyo
tumrape tiyang engkang manut dateng kekalih ipun kolowau wonten ing babakan
agomo.
TAMAN
NAITA AN TUMSI FAQIHAN MUNADZIRO
BI
GHOIRI NGANAIN WAL JUNUNU FU NUNU
SIRO
KEPENGEN DADI NGALIM FIQIH KANG WI CORO
TANPO
KANGELAN IKU EDAN WERNO-WERNO
Almurod:
Menawi
wonten tiyang kepengen ngalim fiqih kang ahli wicoro ananging boten purun
rekaos utawi kangelan puniko setengah saking wernonipun tiyang edan ,keranten
edan puniko werno-werno.
WA
LAISAK TISABUL MALI DUNA MASYA QOTIN
TAHAMA
LUHA FAL NGILMU KAIFA YAKUNU
ONO
TO GOLEK ARTO ORA KANTHI KANGELAN
DENE
NGILMU KOYO OPO HASIL RAK KANGELAN
Almurod:
Tiyang
pados bondo puniko kedah kanti kangelan dene tiyang engkang pados ngilmu puniko
kedah langkung kangelan amargi ilmu puniko luhur-luhur ipun lan mulya-mulya
ipun perkawes.
BAB ISLAM
SABEN
WONG ISLAM KUDU NGERTI RUKUN KANG LIMO
SARTO
NGERTENI MARING KABEH HUKUM KANG LIMO
Rukun
ipun islam inggih puniko wonten gangsal lan ugi sedoyo hukum ipun islam puniko
wonten gangsal
RUKUNE
ISLAM SYAHADAT LAN SHOLAT LAN ZAKAT
POSO
LAN HAJI ING MEKAH YEN DUE RAGAT
Rukun
ipun islam inggih puniko wonten gangsal:
1.mahos
syahadat kalih teges ipun syahadat tauhit lan syahadat rosul,rupinipun : Asy
hadu al la ilaha il lalloh wa asy hadu an na muhammadar rosululloh.
2.nglampahi
sholat gangsal wedal
3.Nguweh
ake zakat
4.nglampahi
poso ing dalem wulan romadhon
5.tindak
lungo haji maring baitulloh lamun sampun kuoso/mampu.
DENE
ARANE HUKUM FERDU SUNAH LAN HAROM
MEKRUH
LAN MUBAH IKI KABEH HUKUME ISLAM
Hokum
ipun islam inggih puniko wonten gangsal(5) :
1.ferdu
inggih puniko hokum engkang naliko dipun lampahi dipun paringi
ganjaran/pahala,menawi dipun tilar puniko angsal sikso.
2.sunah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar